Dong klalen password sing digawe nggo manjing w XP sebagai administrator dong ora iseng pan manjing komp.e wong liya sing ana pass. w XP ne. Keh, carane :
1. Dong wis metu layar nggo milih account karo wadah password.e, pejet Ctrl-Alt-Del pingndo. Tuli metu kotak name karo password
2. Busek tulisan neng kotak name tuli ketik administrator
3. Passwordnya ora usah
4. Pejet OK. Langsung manjing windows sebagai administrator.
Bar manjing, dhewek bisa ngganti password administratore. Carane kaya kiye :2. Busek tulisan neng kotak name tuli ketik administrator
3. Passwordnya ora usah
4. Pejet OK. Langsung manjing windows sebagai administrator.
1. Manjing user account.
2. Bar manjing dileng user account endi sing dadi computer administrator. Misale Faisal. Nggo ngubah password.e kaya kiye:
3. Klik START tuli RUN pas cmd. Mesti manjing maring DOS
4. Ketik net user tuli enter. Bakal katon nama-namane user account windows XP. Dileng siji-siji jeneng user account sing ana. Biasane pada bae karo sing dhewek ngileng neng net user, tapi kadang sejen. Makane dipadakna. Contoh :
Neng menu user account, account sing ana kuwe :
Faisal
Jafar
Abu
Guest
Tapi account sing neng net user :
Jafar
Guest
Abu
Acer
SUPPORT_xxx
IUSR_WINDOWSXP
IWAM_WINDOWSXP
VVSR_WINDOWS_xxx
Kesimpulane, computer administrator Faisal jeneng liyane Acer. Dileng ning SUPPORT, IUSR, IWAM, VVSR dudu jeneng account.
5. Bar kuwe ketik net user spasi jeneng administrator account spasi bintang. Contohe :
net user Acer *
6. Metu tulisan “type a password for the user:”.
Dong pengin password computer administrator kehapus :
Pejet enter ora usah diisi,tuli metu tulisan manign “retype the password to confirm:”, pejet enter ora usah diisi. Koen wis ngapus password computer administrator.
Dong pengin ngubah passoword computer administrator:
Isi password sing koen pengin neng “type a password for the user:” karo password sing pada neng “retype the password to confirm:”. Dileng dong tembung password sing dhewek ketik ora bakal katon kaya dhewek ora ngetik apa", ora usah keder gari ngetik tok.
7. OK